Selasa, 01 Maret 2011

GEGURITAN

Geguritan yaiku wohing susastra kang basané cekak, mentes lan éndah. Geguritan asalé saka tembung "gurit", kang ateges kidung utawa tulisan kang awujud tatahan. Déné gegutitan ing kéné, ateges rumpakan kidung kang mawa paugeran gumathok, yaiku:
  • Cacahing gatrané ora tartamtu, nanging apese 4 gatra.
  • Saben-saben sagatrané guru wilangan lan guru lagu padha waé, runtut mawa purwakanthi guru swara.
  • Lumrahe kabuka utawa kawiwitan srana ukara: "Sun anggegurit".
Geguritan iku kalebu puisi Jawa modhèrn, amarga ora kaiket ing aturan kayadéné tembang. Geguritan bisa karipta amarga ana ilham utawa inspirasi (angen-angen). Geguritan mujudaké karya kang sipaté pribadi, mula geguritan panganggit siji lan sijiné béda-béda. Angen-angen kang ana sajrone pikirane pengarang banjur diolah supaya dadi geguritan kaya kang dikarepaké panganggit. Kanthi mengkono, geguritan iku basane katon éndah, bisa migunakaké purwakanthi, dwipurwa, seselan lan liya-liyané.
  • Cekak yaiku ora wujud ukara sing nggladrah
  • Menthes yaiku tembunge duwe makna kang jero.
  • Endah ngemu purwakanthi swara, sastra utawa basa.
  • Tembungane pilihan

Tuladha: 
PRECIL TAKON

sore iki ngendangi kecebong
ing got ngarep omah
bening banyune
pating sliwer,
pating sliri
ana uga sing megal-megol
lagang
mesthi jremba mangane
apa bakal dadi precil lan kodhok
kuwi kabeh, batinku....

lan precil-precil padha takon marang kuthuk
daksilihi nyawa kanggo lemumu,
ning kapan mbok blekne?



SAWISE KUWI

sawise kuwi neng sakeh panggonan
dakpasang kaca rasa
pating cemranthel
wis ben..
saben-saben dak pilihi, kaca-kaca mau
apa bener ana makhluk neng kono?
apa nggegilani?
njejemberi?
apa brandhal ndrawasi?

(... apa ana telek minthi katut, nemplek pipi ing pasamuwan mau, aku mbatin..)


    1 komentar: