Basa Jawa ya dadi salah sijiné panyumbang sing gedhé dhéwé kanggo panuwuhané basa Indonesia. Sanadyan dudu basa resmi ing pamaréntahan, basa Jawa nduwé pangaruh luwih akèh tinimbang basa-basa daérah liyané kayata ing kosakata, lan istilah-istilah sing kadhangkala nganggo tembung Jawa.
Basa Jawa iku bagéyan saka sub-cabang Sundik saka rumpun basa Melayu-Polinesia Kulon saka pang basa Melayu-Polinesia sing gilirané anggota basa Austronesia. Basa Jawa isih sedulur cedhak basa Melayu, basa Sundha, basa Madura, basa Bali, lan uga basa-basa ing pulo Sumatra sarta Kalimantan.
Basa Jawa dipigunakaké ing Jawa Tengah, Jawa Wétan lan uga pesisir lor Jawa Kulon. Banjur ing Madura, Bali, Lombok lan Tatar Sundha ing Jawa Kulon, basa Jawa uga ditrapaké dadi basa sastra. Basa Jawa uga basa dalem ing keraton Palembang, Sumatra Kidul sadurungé keraton iki dibedhah wong Walanda ing wusananing abad kaping-18.
Basa Jawa bisa kaanggep salah sijiné basa klasik ing donya, basa iki nduwé sajarah kasusastran sing wis lawas banget. Lawasé luwih saka 12 abad. Para pakar basa Jawa mérang sajarah basa Jawa ing patang tahap:
- Basa Jawa Kuna saka abad kaping-9
- Basa Jawa Tengahan saka abad kaping-13
- Basa Jawa Anyaran saka abad kaping-16
- Basa Jawa Modhèrn saka abad kaping-20 (pratélan iki ora dienggo sacara umum)
Sanadyan dudu basa resmi ing ngendi waé, basa Jawa basa Austronesia sing akèh dhéwé cacahé panutur ibuné. Basa iki dituturaké lan dimangertèni kurang luwih déning 80 yuta jiwa wong. Kurang luwih 45% pedunung negara Indonesia keturunan Jawa utawa manggon ing Tanah Jawa. Mèh kabèh presidhèn Indonesia wiwit taun 1945 iku keturunan Jawa (sajatiné kabèh keturunan Jawa, B.J. Habibie uga ngaku yèn ibuné priyayi Jawa). Dadi ora nggumunaké yèn basa Jawa mènèhi pangaribawa akèh ing perkembangané basa Indonesia.
Basa Jawa Modhèrn bisa dipérang dadi telung dhialèk: dhialek Jawa Kulon, dhialek Jawa Tengah, lan dhialek Jawa Wétan. Ing pulo Jawa ana sing diarani dialect continuum ('kasinambungan dhialèk') saka Banten ing ujung kulon tekan Banyuwangi, ing pucuk wétan. Kabèh dhialèk basa Jawa kurang luwih bisa dingertèni para panuturé (basa Inggris mutually intelligible).
Dhialèk-dhialèk basa Jawa
Basa Jawa iku akeh banget cara pituturane. Ana dhialèk sosial sing dibagé miturut hièrarkhi saka kasar tekan alus dadi :ana basa sing mligi digunakake kanggo keperlon resmi karaton
- bagongan (dianggo neng kraton Ngayogyakarta adiningrat)
- kedhaton (dianggo neng kraton Surakarta adiningrat)
- basa walikan (basa Jawa prokem)
Pamérangan Poerwadarminta
Miturut Poerwadarminta ing bukuné Sarining Paramasastra Djawa (1953:2), dhialèk-dhialèk ana:- Dhialèk Banten
- Dhialèk Cirebon
- Dhialèk Banyumas lan Tegal
- Dhialèk Bagelèn
- Dhialèk Ngayogyakarta lan Kedhu
- Dhialèk Surakarta, Madiyun lan Semarang
- Dhialèk Rembang
- Dhialèk Pasisir lor wétan (Tuban, Gresik, Surabaya)
- Dhialèk Malang-Pasuruhan
- Dhialèk Banyuwangi
Pamérangan Uhlenbeck
Dhialek-dhialek kuwi miturut ahli basa Walanda E.M. Uhlenbeck ing bukuné A Critical Survey of Studies on the Languages of Java and Madura (1964), dikelompokaké dadi 3 (telung) rumpun yaiku :- Rumpun basa Jawa kulon :
- Dhialèk Banten (utawa Jawa Serang)
- Dhialèk Cerbon (Indramayu-Cirebon)
- Dhialèk Tegal (Brebes nganti Pemalang)
- Dhialèk Banyumasan (Purwokerto, Cilacap lan Banyumas)
- Rumpun basa Jawa Tengah :
- Rumpun basa Jawa wétanan :
Pamérangan Wurm lan Hattori
Wurm lan Hattori (1983:39) mérang dhialèk-dhialèk basa Jawa ing pulo Jawa dadi 7 bagéyan:- Dhialèk Banten
- Dhialèk Lor-Kulonan
- Dhialèk Manuk
- Dhialèk Cerbon
- Dhialèk Kulonan-Tengah
- Dhialèk Wétanan
- Dhialèk "Regional Jawa ing Banyuwangi"[1]
Pamérangan unggah-ungguh basa Jawa
Manut undha usuk utawa unggah-unnguhé:
- Basa Ngoko
- Basa Ngoko Alus
- Basa Krama
- Basa Krama Inggil
Gunane Basa lan Kanggone Basa
Basa Ngoko- Dienggo wong tuwa marang anake
- Dienggo guru marang murid.
- Dienggo dening sepadha-padha kang wis kulina
- Dienggo ndhuwuran marang andhahan
Basa Ngoko Alus
- Dienggo dening wong-wong sapadha-padha sing wis kulina nanging isih ngajèni.
- Dienggo wong tuwa marang wong enom kang drajad luwih dhuwur.
Basa Krama
- Dienggo dening wong kang durung raket banget.
- Dienggo dening wong kang durung tuang.
Basa Krama Inggil
- Dienggo dening wong enom marang wong tuwa.
- Dienggo dening murid marang guru.
- Dienggo dening tetpungan anyar.
- Dienggo dening ngisoran marang dhuwuran.
Bèdané Krama lan Krama Inggil
- Saka tembung-tembungé
- Saka atér-atére yaiku atér-atér di- kang digunaake ana ing basa krama, ana ing basa krama inggil malih dipun-
- Saka panambangé yaiku Panambang -ke digunakake ana ing basa krama, ana ing basa krama inggil malih dadi -akén
i6 tahun kepungkur
BalasHapusaku dilairne ing muka bumi
gusti kang maha agung
matur suwun saking nikmat-nikmat
panjenengan paring kula