Rabu, 02 Maret 2011

CERKAK

TIBA KANTEB

Pak Bayu Widodo sing purnawirawan Mayor iku, esuk iki ora tidak-tindak kaya sabene, ning malah lenggahan njedhodhot neng kamar tamu. Panjenengane ngrasakake putrane si Gito Taryono, putra ontang-anting sing jarene kuliah wis telung taun kok isih panggah semester siji. Mbandhel... ndhugal.... ndableg...., marakake mumet.
Dina-dina senengane mung kluyuran dolan irat-irit karo kancane gonta-ganti. Saiki wis ora wani nyuwun dhuwit bapakne, ning bu Bayu sing ora bisa endha yen disuwuni dhuwit putrane. Nyuwun pira-pira mesthi diparingi. Yen ora njur nesu lan ngamuk.
Wektu iku Gito metu saka kamar tangi turu, njur arep ngalih neng kamar tamu arep nyetel TV, jegagik rada kaget merga bapakne lenggah neng kono. Rekane arep mbalik neng kamar mandhi, ning karo pak Bayu ditimbali :
Git! renea.... kono lungguh!” gelem ora gelem Gito banjur lungguh ing kursi ngarepe bapakne. Gito pancen wedi yen karo bapake. Ngendikane pak Bayu :
“Git, ngapa yah mene kowe lagi tangi, genea kok ora mangkat kuliah?”
Kuliahipun mangkeh jam sedasa, pak, dhosenipun sami rapat.”
Bapak kuwi anane mung ngandel lho Git, senajan ngerti yen bapak kerep mbok apusi. Lha kuwi nyatane kowe ora tau munggah. Piye yen mengko bapak wis wegah ngragati? Dina-dinamu mung ngluyur ora juntrung karo cah adoh-adoh. Karo pemudha kampung kowe emoh srawung, kuwi jenenge rak kuwalik. Srawung baur neng masyarakat kuwi penting Git. Kaya sopire bapak mas Utomo kuwi. Kuliah wragat dhewe kanthi direwangi dadi sopir pocokan kana-kene. Merga anggone temen lan sregep sinau, saiki sekripsine wis rampung, ateges keri wisudha.
Pak Bayu meneng ngenteni reaksine Gito, sing tetep meneng tumungkul ora mangsuli apa-apa. Sidane pak Bayu neruske ngendikane rada sereng :
Piye saiki, aku nanting tenan karo kowe, isih saguh kuliah, apa mung arep kluyuran dolan dadi wong urakan?” Lirih semu wedi wangsulane Gito :
“Inggih Pak, kula taksih sagah kuliah.”
Tenan lho...., wis kana... mung kuwi kandhaku.” Gito gage ngadeg terus neng kamar mandhi adus, let sedhela wis keprungu gebyar.... gebyur. Ature Gito karo bapakne mau embuh tenan embuh ora, ning gandheng wis jam sepuluh kurang seprapat, Gito ya njur nyangklong tas, ngetokke montor, njur lunga kaya nek arep kuliah. Pak Bayu mono priyayi kinurmat ing kampunge. Dasar priyayi ana, neng kampung gedhe sosiale. Samubarang kanggo kebutuhan lan kemajuane kampung tansah kersa cawe-cawe. Mula ora mokal yen panjenengane diangkat minangka sesepuh.
Wayah sore, Gito maca koran neng taman ngarep teras, ndadak keprungu wong uluk salam :
Kula nuwun!” Gito noleh arahing suwara, ndadak kaget lan gumun dene ana kenya ayu medhayoh neng omahe. Nuli mangsuli karo gupuh ngadeg.
“O... mangga-mangga dhik.” Nuli kandhane cah ayu mau :
“Punapa bu Bayu wonten mas?”
“O... ibu ta?..., wonten dhik, sekedhap kula aturanipun.” Gito gage mlebu nggoleki ibune, let sedhela wong loro wis metu nemoni dhayohe. Ngendikane bu Bayu :
Wow nak Prastiwi, mangga lenggah nak!”
Inggih bu, matur nuwun. Punika namung sekedhap kok. Punika bu, kula dipun utus bu Darmo nyaosi duku, kala wingi sonten rak ngendhah kebon iring ndalem punika.” Kandha ngono bocah ayu mau karo ngaturke tas kresek isi duku kebak, tinampan dening bu Bayu. Ora lali bu Bayu ngendika matur nuwun kaaturna bu Darmo. Bocah mau matur sendika, banjur pamit mulih.
Gito mripate mentheleng kaya bandeng anggone nyawang cah ayu mau ora uwis-uwis. Batine gumun lan sengsem denea bocah kuwi kokle mulus ayu tanpa cacat, gek sopan santune genep pisan. Bu Bayu pirsa putrane sajak kepranan marang Tiwi njur ngendika :
“Git ngertia!, kuwi cah sing kos nggone bu Darmo, jenenge Prastiwi. Dene asline Semarang, ning neng kampung kene srawunge becik. Baur karo mudha-mudhine, malah saiki didadekake ketua I, dene wakile Utomo ya sopire bapakmu, kuwi.”
“Wah bocahe ayu nggih bu?, gek sopan santune nggih genep.”
Iya Git, seje karo kanca-kancamu sing dha ting bejijak lan urakan kae. Kowe sejatine rugi, wong karo pemudha/ pemudhi sekampung kok ora tepung malah wong kana-kana sing dha ra juntrung mbok srawungi raket.” Gito ngakoni lan mbenerke ngendikane ibune. Jroning ati janji yen wiwit saiki arep melu ombyake pemudha kampung. E ya melu-melu mas Utomo sopire bapakne yen dhong rapat-rapat, kerja bakti, lan kegiatan kampung liyane. Sing cetha, wiwit weruh Tiwi sepisanan atine wis kecanthol.
Atine Gito wis mantep kepingin nyedhaki... macari.... sing mengkone yen Tiwi gelem arep dirabi. Kuwi mau karepe Gito, pemudha lajang sing sekolahe mung disambi dolan lan kluyuran. Batine kuliah ora rampung ora dadi apa, toh bandhane wong tuwane akeh kepara kanggone kampung kono, pak Bayu kuwi sugih dhewe. Gito bakal nggunakake bandhane bapakne kanggo mikat Tiwi, srana arep diwenehi apata apa barang sing pengaji. Tiwi pancen bocah supel lan apikan, karo sapa wae cepet akrap lan sumadulur, klebu marang Gito. Saiki bubar kuliah, Gito sregep sanja neng nggone kanca pemudha-pemudha kampung, luwih-luwih neng nggone bu Darmo pondhokane Tiwi. Gito batine rada kecelik, jebul Tiwi iku ora gampangan kaya bocah-bocah wadon liyane. Biasane dha gampang nampa paweweh, lan seneng yen ditraktir jajan utawa diajak dolan. Gito wis bola-bali nari Tiwi arep ditukokake apa sing disenengi, ning Tiwi nolak alus, alasane wis duwe utawa kurang perlu. Nganti Gito judheg, piye carane gawe senenge Tiwi sing rupa hadiyah, sing maksude Gito kanggo nyedhaki Tiwi, syukur bisa ngetokke gembolaning ati, blaka yen dheweke seneng lan tresna marang Tiwi. Eman pambudidayane tansah gagal, merga Tiwi durung tau ketemu Gito kuwi ijen, ndilalah mesthi ana kancane. Saking ora kuwate ngampah, Gito nggoleki Utomo sopire bapakne neng kamare, lagi leyeh-leyeh. Gito njur njejeri Utomo karo takon :
“Mas Ut, mbok aku diwarahi carane nelukke atine cah wadon sing angel. Pisan ji iki aku seneng tenan je mas, ora bakal tak enggo dolanan.” Wangsulane Utomo kalem :
“Walah dhik Git, sliramu kuwi kurang apa? Rupa nggantheng, ya kuliahan, dhuwit neng ngesak muwel. Isih kurang apa? Mangka slirane kuwi ya baut ngrayu cah wadon. Kuwi tak ngerteni sing uwis-uwis lho. Sliramu kleru dhik nek takon aku, soale aku durung tau pacaran. Aku mung arep adhang-adhang suk nek ana prawan welas nresnani aku dhik.” Krungu wangsulane Utomo, Gito gage njenggelek tangi karo kandha :
“Mas Ut, wegah aku krungu kojahmu kuwi. Aku ki takon tenan je.”
Ora dhik Git, sejatine cah wadon ngendi ta sing mbok gandrungi kuwi?”
Ah rahasia mas, suk wae nek dheweke wis tak kuwasani tenan, kowe lagi tak kandhani.” Gito terus metu ninggal kamare Utomo kanthi ati mangkel. Gito saiki aktif neng organisasi kampung, soale tansah didhampingi Prastiwi. Notoling ati anggone kepingin nglairake tresnane mbangeti, ning... tansah ana-ana wae jalarane sing marahi cabar. Pancen angel tenan Gito nggolek wektu kanggo duaan, wong Prastiwi neng ngendi-ngendi mesti ana kancane. Jam-jam bubar kuliah, Tiwi pancen wis padhet banget kanggo kegiatan kampus lan kampung. Gito wis marani saben dina, bisa nyawang cedhak-cedhakan karo prawan ayu kuwi wae atine wis seneng. Awit Prastiwi pancen wis mlebu tenan ing atine.
Saiki Gito uga nyah-nyoh aweh bantuan kanggo muda-mudi kampung, apa maneh yen sing nampa Prastiwi, dhasar dheweke ketuane. Kena pengaruhe Prastiwi, Gito dadi mempeng sinaune, ndadekke bungahe bapak lan ibune. Penjenengane uga remen yen mengkone Gito kasil nguwasani Prastiwi lan gelem diajak urip bebrayan. Dina Jum’at keluargane pak Bayu Widodo entuk uleman saka pak Darmo, sing surasane kabeh warga kampung, mbesuk malem Minggu kasuwun rawuh ing daleme pak Darmo. Ya sing dipondhoki Prastiwi, saperlu ngestreni ulang taune Prastiwi sing kaping sangalas. Malah jarene keluargane Prastiwi saka Semarang uga arep padha rawuh. Dene pak Bayu sekaliyan, kadhapuk nampa tamu lan paring pangandikan kanggo sing ulang taun. Pak Bayu uga sagah. Malah mundhutke hem lan clana anyar kanggo Utomo jare ben ora lusuh.
Utomo pancen bocah sing lugu lan prasaja, nglungguhke dhirine sing mung sopir. Senajan dheweke mahasiswa sing wis lulus lan nyandhang gelar Drs. Wektu maca undhangan, Gito bungahe ngayang batin. Ya wektu iki kesempatan akeh kanggo aweh kadho istimewa kanggo Tiwi lan kesempatan kanggo ngrogoh atine prawan ayu kuwi.
Gage sms karo Tiwi takon arep njaluk kadho apa? Jawabane, dikadho apa wae arep, lan matur nuwun sadurunge.
Oh... atine Gito lunjak-lunjak kesenengen. Gage nyuwun dhuwit ibune njur lunga menyang toko. Baline ngrenggiyeg, entuk bakal klambi putri patang potong, tas, sleyer. Gunggung dhuwit telung atus ewu dientekake. Kejaba kuwi tuku filem rong rol, mengko kanggo gawe kenang-kenangan karo Tiwi.
Lagi jam lima Gito wis dandan mlithit, clana lan heme anyar gres saka toko durung dikumbah wis dianggo. Njur nyedhaki bapake karo matur :
Pak, mobile kula bekta, kula dugi nggene dhik Tiwi mruput, mbok menawi Tiwi mbetahke kengkenan kula.” Pak Bayu mangsuli :
“Wis budhala Git, bapak mengko gampang, boncengan motor karo Utomo rak bisa.” Senajan isih sore ning wis rame. Kabeh wis tinata asri. Kira-kira jam setengah pitu wis wiwit padha rawuh. Tiwi neng ngarep lawang nyalami karo nampa kadho banjur diulungake sing nduwe tugas.
Gito ngrengkek nyedhaki Tiwi nggawa bungkusan kadho gedhe sing pepak isine. Sawise ngulungake lan nyalami kenceng, rekane arep ngesun, ning Tiwi gage nyalami tamu liyane sing lagi wae rawuh. Gito gela, ning ya wis ora dilebokke ati. Anggone njepreti Tiwi ora leren-leren. Bareng ngerti ana tamu sing bisa motret, camera gedhe kuwi banjur diulungake, ganti awake dhewe sing tansah mepeti Tiwi njaluk difoto. Wis kanthi gaya sing apa wae, pokoke dipolke, janji mepeti Tiwi, sing sejatine atine ora seneng karo pokale Gito. Upacara banjur wiwit, sambutan-sambutan saka pranata adicara, pengurus-pengurus pemudha, wong tuwa lan keluargane Tiwi. Wusanane pak Bayu sing isine paring pitutur marang muda-mudi, uga ucapan selamat marang sing ulang tahun. Sawise rampung salam-salaman, banjur kaaturan dhahar bebarengan prasmanan neng kamar tengah.
Gito tansah aksi, bejijagan motreti rana-rene sarwa nggaya. Rampung dhahar lan ngunjuk es crim, keprungu swarane lantang bapake Tiwi lewat mikrovon ngene :
Bapak ibu lan para tamu undhangan sadaya, ing dalu punika babar pisan, kula badhe ngresmekaken pepacanganipun anak kula pun Suprastiwi kaliyan nakmas Drs. Utomo, inggih sopir pribadinipun bapak Bayu Widodo ing kampung mriki. Dhateng nakmas Utomo, kula suwun jumeneng lan tindhak mriki, upacara pepancangan tumunten badhe katindakaken.”
Krungu tembung mau, Gito kaya krungu bledheg ing mangsa ketiga. Sakala otot bebayune kaya dilolosi, awak gemetar, sirah cleng-clengan buyer, mripat klemun-klemun kaya arep tiba, kringet adhem mbrubul. Gandheng dheweke mau bejijagan, mula ora ngetarani nalika Gito metu mulih tanpa pamit ninggal pasamuwan. Neng dalan lakune sempoyongan kaya wong mabuk. Tekan ngomah mbukak lawang, tanpa copot sepatu, langsung awak dibrukake dipan sakrosane karo sambat tangise ngaru wara :
O awak... awak... apes temen aku... jebul aku kewirangan. Aku prasasat kejungkel tiba kanteb... aku.... aku... di KO karo sopir bebaune bapakku dhewe si Utomo... Oh Tiwi... Tiwi... jebul kowe dudu jodhoku... Oh aku... tiba kanteb.” Nalika upacara tunangan dileksanani, wis ora ana gebyar-gebyar camera sing nggawe kenang-kenangan merga Gito wis bablas mulih. Ning bocah loro Tiwi lan Utomo tansah ngumbar esem sajak kalegan atine.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar