Jumat, 04 Maret 2011

Upacara Adat

TINGKEPAN

        Tingkepan yaiku tata cara lan tata upacara masyarakat Jawa sing dilaksanakake wektu kandutane wong wanita umur pitung sasi lan mbobot sing sepisanan. Tingkepan kasebut uga mitoni. Pelaksanaane tingkepan biasane dilaksanakake miturut itungan neptu (dina lahir lan pasaran calon ibu lan calon bapak tuladha dina Senin pasaran Pon) kanggo nggolek wektu sing dianggep tepat, keadaane calon ibu lan uga soko kepraktisan.

        Peralatan ( hal sing mendukung pelaksanaane tata upacara tingkepan) sing digunakake akeh lan nduweni makna simbolis. Peralatan kasebut yaiku pengaron (tampah banyu), toya suci perwita sari (air suci yang diambilkan dari tujuh sumber), sekar setaman (bunga mawar, melati, kantil lan utawa kenanga), nyamping (kain jarit) pitu jenis (yaiku motif sidomukti, truntum, udan riris lan sing wajib kudu ana yaiku motif dringin) lan mori (salembaran kain putih). Peralatan sing liya kursi chilik (dhingklik), daun kluwih, alang-alang dan kapa-kapa, klasa bangka (klasa soko anyaman godhong pandan), janur kuning, keris lan kunir, ndog pithik, kambil gading sing nom, klenthing, pithik lan kurungan, siwur (gayung banyu soko batok kambil ora diilangi kelapane), rujak lan dhawet. Ing buku iki tegese simbolis peralatan kasebut diterangkake nganggo cara sederhana tapi jelas lan gampang dimangerteni. 

            Piranti (miturut sing nulis kanggo ngganti tembung sesaji amarga sesaji nduweni nuansa aninisme lan dinamisme) tingkepan akeh lan uga nduweni teges simbolis. Piranti kasebut yaiku tumpeng pitu karo lawuhe, tumpeng robyong lan tumpeng gundul, ndog penyu (digawe soko ndok pitik pit sing diwarnai abang), jenang procot, clorot, sekul punar (sega kuning), jenang (yaiku jenang abang, jenang putih, jenang abang putih, jenang palang putih, jenang palang abang, jenang baro-baro abang, jenang baro-baro putih, jenang sungsum lan bubur sungsum, jenang lare), tumpeng damar, pring sedhapur (ruas pring cilik pitu sing ditali), babon angrem, pasung, kupat pletek, apem, cenil lan klepon, srinthil thiwul, kacang panjang, lobak, kubis, lembayung, nasi gurih lan buah-buahan. Sawernane piranti kasebut ing buku iki sanajan ora jelas disebutake bahan lan bentuk. Tuladha jenang procot digawe soko glepung beras sing dimasak lan diwenehi gula. Ing bagian tengah diwenehi gedhang utuh sing dimasak dhisik. Yaiku jenang procot karo pangarep jabang bayi lahir (mrocot) cepet, lancar lan slamet ibu karo bayine.

           Proses upacara tingkepan soko pambuka (dilaksanakake karo pembawa acara, sambutan sugeng rawuh lan ucapan matur suwun kanggo tekane para tamu, diterusake upacara inti tingkepan yaiku sungkeman, siraman, sesuci, pecah pamor, brojolan, sigaran, nyampingan, luwaran lan simparan, wiyosan, kudangan, bubukan, kembulan lan unjukan, kukuban, rencakan, rujakan lan dhawetan. Sawise upacara inti rampung bisa diterusake karo mangan bareng lan acara terakhir yaiku penutup. Proses upacara tingkepan ing buku iki diuraiake cukup jelas. Upacara tingkepan menehi ucapan matursuwun, donga lan pangarep marang gusti allah.

Foto_foto sii pengarang



Kamis, 03 Maret 2011

AKSARA JAWA

Aksara Hanacaraka

Aksara Hanacaraka iku bisa dipérang dadi pamérangan gaya Jawa utawa gaya Sangskreta. Ing ngisor iki loro-loroné kapacak. Nanging sing kapacak ing ngisor iki aksara Hanacaraka baku gaya Jawa.

Pamérangan gaya Jawa

Basa Jawa bisa dipérang dadi pirang-pirang jinis.

Aksara nglegena

Aksara Hancaraka gaya Jawa
Ing aksara Hanacaraka, aksara nglegena cacahé ana 20. Aksara iki kabèh nglambangaké foném-foném basa Jawa.

Sandhangan swara

Sandhangan swara
Sandhangan swara iku ngowahi swara saka foném /a/ ing aksara nglegena ing swara liyané.

Sandhangan panyigeging wanda

Sandhangan panyigeging wanda iku sandhangan sing nggawé sigeging wanda utawa matèni swara. Sandhangan iki ana: layar, wignyan, cecak lan patèn.
Layar
Layar iku mènèhi foném /r/ ing sawijining aksara
Wignyan
Wignyan iku mènèhi foném /h/ ing sawijining aksara
Cecak
Cecak iku mènèhi foném /ŋ/ ing sawijining aksara

Sandhangan wyanjana

Sandhangan wyanjana iku cacahé ana telu lan diarani cakra, keret, lan péngkal.
Cakra
Cakra iku mènèhi wanda /ra/ ing sawijining aksara. Aksara sing wis ditambahi cakra uga bisa didokoki sandhangan swara manèh.
Keret
Keret iku mènèhi wanda /rě/ ing sawijining aksara.
Péngkal
Péngkal iku mènèhi wanda /ya/ ing sawijining aksara, mèmper cakra. Aksara sing wis ditambahi cakra uga bisa didokoki sandhangan swara manèh, ya kaya cakra.
Paten (Javanese script).png
Patèn utawa pangkon
Patèn utawa pangkon iku kanggo matèni sawijining aksara supaya ora ana swarané manèh. Sing kéri mung konsonané utawa wyanjanané.

Pasangan aksara

Pasangan aksara Jawa
Kabèh aksara uga nduwé sawijining pasangan sing bisa 'matèni' aksara sadurungé.

Aksara swara

Aksara swara
Aksara swara iku aksara swatantra sing nglambangaké vokal bébas. Ing Hanacaraka aksara iki yaiku: a, i, u, é, lan o. Banjur re (diarani pa cerek) lan le (diarani nga lelet) uga diarani aksara swara. Alesané amarga ing basa Sangskreta "re" lan "le" sing tinulis lan , kaanggep aksara swara. Mulané ora ana aksara swara sing nglambangaké pepet amerga ing basa Sanskreta ora ana pepet.

Aksara murda

Aksara Murda
Aksara murda ing panggunan basa Jawa saiki biasa dienggo dadi kaya déné huruf gedhé ing aksara Latin utawa dienggo nulis jeneng-jeneng sing dimulèni utawa dikurmati. Aksara murda uga diarani aksara mahaprana. Sajatiné aksara iki uniné béda karo sing lumrah, amerga mula-mulané piridan saka ing basa Sangskreta. Nanging tumraping basa Jawa dianggep pada waé pocapané, mung gunané dadi séjé.
Ing dhuwur iki bisa dideleng yèn ora kabèh aksara nduwé aksara lan pasangan. Banjur aksara sa ana loro cacah jenisé. Tulisan sa- ngrujuk ing aksara sing diarani sa kembang.

Aksara rékan

Aksara rékan
Aksara rékan iku aksara-aksara Hanacaraka sing ditambahi tandha dhiakritik arupa cecak telu. Cecak telu iki karepa kanggo "ngréka" foném-foném saka basa ngamanca, utamané basa Arab. Mula diarani aksara rékan. Aksara rékan iki wujudé ora béda karo aksara biasa namung ana cecak teluné waé. Yèn ora ngerti pocapané, aksara rékan iki bisa diucapaké miturut pocapan Jawané.

Angka

Angka Jawa
Hanacaraka uga nrapaké angka-angka dhésimal.

Pada

Pada iku tandha-tandha kanggo nulis.

SASTRA JAWA

Sastra Jawa


Sastra Jawa
Sastra Jawa Kuna
Sastra Jawa Tengahan
Sastra Jawa Anyar
Sastra Jawa Modern
Sastra kagandhèng
Sastra Jawa-Bali
Sastra Jawa-Lombok
Sastra Jawa-Madura
Sastra Jawa-Palembang
Sastra Jawa-Sunda
Sastra Jawa-Tionghoa
Mula bubukaning Sastra Jawa iku sawijining prasasti sing ditemokaké ing tlatah Sukabumi, Pare, Kedhiri Jawa Wetan. Prasasti sing biasané diarani Prasasti Sukabumi iki ditulis ing tanggal 25 Maret taun 804 Masehi. Isiné ditulis nganggo basa Jawa Kuna.

Sawise prasasti Sukabumi, ana prasasti liyane saka taun 856 Masehi sing isine sawijining tembang kakawin. Kakawin sing isine wis ora pepak maneh iki, tembang basa Jawa (Kuna) sing lawas dhewe.

Biasane sejarah sastra Jawa dibagi dadi patang jaman:
Saliyane iku ana kategori khusus maneh, yakuwi Sastra Jawa-Bali. Sastra iki terusane saka Sastra Jawa Tengahan. Sabanjure ana uga Sastra Jawa-Lombok, Sastra Jawa-Sunda, Sastra Jawa-Madura, lan Sastra Jawa-Palembang

Saka kabeh sastra tradisional Nusantara, sastra Jawa iku sing paling unggul lan paling akeh kasimpen karya sastrane. Ananging sawise proklamasi RI, taun 1945 sastra Jawa rada dianggep kaya anak kuwalon ing Negara Kesatuan RI. Amarga sing diutamakake iku rasa manunggaling (kesatuan) bangsa Indonesia.
Basa Jawa wiwitane ditulis nganggo aksara turunan aksara Pallawa sing asale saka kiduling India. Aksara iki sing dadi leluhure aksara Jawa modern utawa Hanacaraka sing isih dienggo nganti saiki.

Banjur karo mumbul-mumbule agama Islam ing abad ping 15-16, huruf Arab ya digunakake nggo nulis basa Jawa; huruf iki diarani huruf pegon.

Sawise iku karo tekane wong-wong Eropa ing tanah Jawa, aksara Latin ya digunakake kanggo nulis basa Jawa.

BASA JAWA

Basa Jawa iku kagolong basa Austronesia, ya kuwi basa-basa sing dienggo sawarna-warnané bangsa pribumi ing kapuloan sakidul-wetaning bawana Asia. Basa Jawa kasebar wiwit pucuk kulon pulo Jawa, Banten nganti pucuk wétan Banyuwangi déning kurang luwih 80 yuta panutur ibu. Kajaba iku, basa iku kasebar ing Indonesia saka Sumatra nganti Papua, Timor Wétan, Malaysia, Singapura, Taiwan, Hong Kong, Walanda, Suriname, Curaçao lan ing Kaledonia Anyar.
Basa Jawa ya dadi salah sijiné panyumbang sing gedhé dhéwé kanggo panuwuhané basa Indonesia. Sanadyan dudu basa resmi ing pamaréntahan, basa Jawa nduwé pangaruh luwih akèh tinimbang basa-basa daérah liyané kayata ing kosakata, lan istilah-istilah sing kadhangkala nganggo tembung Jawa.

Peta iki gambar ing endi basa Jawa dianggo ing pasrawungan. Ijo tuwa tegesé basa Jawa basa mayoritas. Banjur ijo enom tegesé basa Jawa basa minoritas.
Basa Jawa iku bagéyan saka sub-cabang Sundik saka rumpun basa Melayu-Polinesia Kulon saka pang basa Melayu-Polinesia sing gilirané anggota basa Austronesia. Basa Jawa isih sedulur cedhak basa Melayu, basa Sundha, basa Madura, basa Bali, lan uga basa-basa ing pulo Sumatra sarta Kalimantan.
Basa Jawa dipigunakaké ing Jawa Tengah, Jawa Wétan lan uga pesisir lor Jawa Kulon. Banjur ing Madura, Bali, Lombok lan Tatar Sundha ing Jawa Kulon, basa Jawa uga ditrapaké dadi basa sastra. Basa Jawa uga basa dalem ing keraton Palembang, Sumatra Kidul sadurungé keraton iki dibedhah wong Walanda ing wusananing abad kaping-18.
Basa Jawa bisa kaanggep salah sijiné basa klasik ing donya, basa iki nduwé sajarah kasusastran sing wis lawas banget. Lawasé luwih saka 12 abad. Para pakar basa Jawa mérang sajarah basa Jawa ing patang tahap:
Basa Jawa ditulis mawa/migunakaké aksara Jawa, (salah sijiné keturunan aksara Brahmi saka India), aksara Jawa-Arab (pegon) lan aksara Latin.
Sanadyan dudu basa resmi ing ngendi waé, basa Jawa basa Austronesia sing akèh dhéwé cacahé panutur ibuné. Basa iki dituturaké lan dimangertèni kurang luwih déning 80 yuta jiwa wong. Kurang luwih 45% pedunung negara Indonesia keturunan Jawa utawa manggon ing Tanah Jawa. Mèh kabèh presidhèn Indonesia wiwit taun 1945 iku keturunan Jawa (sajatiné kabèh keturunan Jawa, B.J. Habibie uga ngaku yèn ibuné priyayi Jawa). Dadi ora nggumunaké yèn basa Jawa mènèhi pangaribawa akèh ing perkembangané basa Indonesia.
Basa Jawa Modhèrn bisa dipérang dadi telung dhialèk: dhialek Jawa Kulon, dhialek Jawa Tengah, lan dhialek Jawa Wétan. Ing pulo Jawa ana sing diarani dialect continuum ('kasinambungan dhialèk') saka Banten ing ujung kulon tekan Banyuwangi, ing pucuk wétan. Kabèh dhialèk basa Jawa kurang luwih bisa dingertèni para panuturé (basa Inggris mutually intelligible).

Dhialèk-dhialèk basa Jawa

Basa Jawa iku akeh banget cara pituturane. Ana dhialèk sosial sing dibagé miturut hièrarkhi saka kasar tekan alus dadi :
ana basa sing mligi digunakake kanggo keperlon resmi karaton
  • bagongan (dianggo neng kraton Ngayogyakarta adiningrat)
  • kedhaton (dianggo neng kraton Surakarta adiningrat)
  • basa walikan (basa Jawa prokem)
Saliyané kuwi, ana dhialèk sing didasarké tlatahé lan ora sekabèhé dhialèk Jawa dimangarteni déning kabeh wong Jawa. Ing ngisor iki kapacak pamérangan miturut sawetara ahli basa Jawa: Poerwadarminta lan Uhlenbeck. Saliyané iku uga ditambah pamérangan Wurm lan Hattori. Wurm lan Hattori nggambar peta pamérangan dhialèk Jawa. Pamérangan para pakar iki rada séjé lan ora sarujuk siji lan sijiné.

Pamérangan Poerwadarminta

Miturut Poerwadarminta ing bukuné Sarining Paramasastra Djawa (1953:2), dhialèk-dhialèk ana:
  1. Dhialèk Banten
  2. Dhialèk Cirebon
  3. Dhialèk Banyumas lan Tegal
  4. Dhialèk Bagelèn
  5. Dhialèk Ngayogyakarta lan Kedhu
  6. Dhialèk Surakarta, Madiyun lan Semarang
  7. Dhialèk Rembang
  8. Dhialèk Pasisir lor wétan (Tuban, Gresik, Surabaya)
  9. Dhialèk Malang-Pasuruhan
  10. Dhialèk Banyuwangi

Pamérangan Uhlenbeck

Dhialek-dhialek kuwi miturut ahli basa Walanda E.M. Uhlenbeck ing bukuné A Critical Survey of Studies on the Languages of Java and Madura (1964), dikelompokaké dadi 3 (telung) rumpun yaiku :
Kelompok ing nduwur iku biasané disebut basa Jawa ngapak ngapak utawa basa penginyongan.
Kelompok ing nduwur kae biasane disebut basa Jawa baku.
Kelompok ing ndhuwur iku biasané diarani basa Jawa timuran.

Pamérangan Wurm lan Hattori

Pamérangan Wurm lan Hattori (1983)
Wurm lan Hattori (1983:39) mérang dhialèk-dhialèk basa Jawa ing pulo Jawa dadi 7 bagéyan:
  1. Dhialèk Banten
  2. Dhialèk Lor-Kulonan
  3. Dhialèk Manuk
  4. Dhialèk Cerbon
  5. Dhialèk Kulonan-Tengah
  6. Dhialèk Wétanan
  7. Dhialèk "Regional Jawa ing Banyuwangi"[1]

Pamérangan unggah-ungguh basa Jawa

Manut undha usuk utawa unggah-unnguhé:

  • Basa Ngoko
  • Basa Ngoko Alus
  • Basa Krama
  • Basa Krama Inggil

Gunane Basa lan Kanggone Basa

Basa Ngoko
  1. Dienggo wong tuwa marang anake
  2. Dienggo guru marang murid.
  3. Dienggo dening sepadha-padha kang wis kulina
  4. Dienggo ndhuwuran marang andhahan
Tuladha: Kowe gelem mangan sega lodèh mas?
Basa Ngoko Alus
  1. Dienggo dening wong-wong sapadha-padha sing wis kulina nanging isih ngajèni.
  2. Dienggo wong tuwa marang wong enom kang drajad luwih dhuwur.
Tuladha: Panjenengan kersa dhahar sega lodèh Mas?
Basa Krama
  1. Dienggo dening wong kang durung raket banget.
  2. Dienggo dening wong kang durung tuang.
Tuladha: Sampeyan purun madhang sekul lodèh Mas?
Basa Krama Inggil
  1. Dienggo dening wong enom marang wong tuwa.
  2. Dienggo dening murid marang guru.
  3. Dienggo dening tetpungan anyar.
  4. Dienggo dening ngisoran marang dhuwuran.
Tuladha: Panjenengan kersa dhahar sekul lodèh Mas?

Bèdané Krama lan Krama Inggil

  1. Saka tembung-tembungé
  2. Saka atér-atére yaiku atér-atér di- kang digunaake ana ing basa krama, ana ing basa krama inggil malih dipun-
  3. Saka panambangé yaiku Panambang -ke digunakake ana ing basa krama, ana ing basa krama inggil malih dadi -akén

Rabu, 02 Maret 2011

CERKAK

TIBA KANTEB

Pak Bayu Widodo sing purnawirawan Mayor iku, esuk iki ora tidak-tindak kaya sabene, ning malah lenggahan njedhodhot neng kamar tamu. Panjenengane ngrasakake putrane si Gito Taryono, putra ontang-anting sing jarene kuliah wis telung taun kok isih panggah semester siji. Mbandhel... ndhugal.... ndableg...., marakake mumet.
Dina-dina senengane mung kluyuran dolan irat-irit karo kancane gonta-ganti. Saiki wis ora wani nyuwun dhuwit bapakne, ning bu Bayu sing ora bisa endha yen disuwuni dhuwit putrane. Nyuwun pira-pira mesthi diparingi. Yen ora njur nesu lan ngamuk.
Wektu iku Gito metu saka kamar tangi turu, njur arep ngalih neng kamar tamu arep nyetel TV, jegagik rada kaget merga bapakne lenggah neng kono. Rekane arep mbalik neng kamar mandhi, ning karo pak Bayu ditimbali :
Git! renea.... kono lungguh!” gelem ora gelem Gito banjur lungguh ing kursi ngarepe bapakne. Gito pancen wedi yen karo bapake. Ngendikane pak Bayu :
“Git, ngapa yah mene kowe lagi tangi, genea kok ora mangkat kuliah?”
Kuliahipun mangkeh jam sedasa, pak, dhosenipun sami rapat.”
Bapak kuwi anane mung ngandel lho Git, senajan ngerti yen bapak kerep mbok apusi. Lha kuwi nyatane kowe ora tau munggah. Piye yen mengko bapak wis wegah ngragati? Dina-dinamu mung ngluyur ora juntrung karo cah adoh-adoh. Karo pemudha kampung kowe emoh srawung, kuwi jenenge rak kuwalik. Srawung baur neng masyarakat kuwi penting Git. Kaya sopire bapak mas Utomo kuwi. Kuliah wragat dhewe kanthi direwangi dadi sopir pocokan kana-kene. Merga anggone temen lan sregep sinau, saiki sekripsine wis rampung, ateges keri wisudha.
Pak Bayu meneng ngenteni reaksine Gito, sing tetep meneng tumungkul ora mangsuli apa-apa. Sidane pak Bayu neruske ngendikane rada sereng :
Piye saiki, aku nanting tenan karo kowe, isih saguh kuliah, apa mung arep kluyuran dolan dadi wong urakan?” Lirih semu wedi wangsulane Gito :
“Inggih Pak, kula taksih sagah kuliah.”
Tenan lho...., wis kana... mung kuwi kandhaku.” Gito gage ngadeg terus neng kamar mandhi adus, let sedhela wis keprungu gebyar.... gebyur. Ature Gito karo bapakne mau embuh tenan embuh ora, ning gandheng wis jam sepuluh kurang seprapat, Gito ya njur nyangklong tas, ngetokke montor, njur lunga kaya nek arep kuliah. Pak Bayu mono priyayi kinurmat ing kampunge. Dasar priyayi ana, neng kampung gedhe sosiale. Samubarang kanggo kebutuhan lan kemajuane kampung tansah kersa cawe-cawe. Mula ora mokal yen panjenengane diangkat minangka sesepuh.
Wayah sore, Gito maca koran neng taman ngarep teras, ndadak keprungu wong uluk salam :
Kula nuwun!” Gito noleh arahing suwara, ndadak kaget lan gumun dene ana kenya ayu medhayoh neng omahe. Nuli mangsuli karo gupuh ngadeg.
“O... mangga-mangga dhik.” Nuli kandhane cah ayu mau :
“Punapa bu Bayu wonten mas?”
“O... ibu ta?..., wonten dhik, sekedhap kula aturanipun.” Gito gage mlebu nggoleki ibune, let sedhela wong loro wis metu nemoni dhayohe. Ngendikane bu Bayu :
Wow nak Prastiwi, mangga lenggah nak!”
Inggih bu, matur nuwun. Punika namung sekedhap kok. Punika bu, kula dipun utus bu Darmo nyaosi duku, kala wingi sonten rak ngendhah kebon iring ndalem punika.” Kandha ngono bocah ayu mau karo ngaturke tas kresek isi duku kebak, tinampan dening bu Bayu. Ora lali bu Bayu ngendika matur nuwun kaaturna bu Darmo. Bocah mau matur sendika, banjur pamit mulih.
Gito mripate mentheleng kaya bandeng anggone nyawang cah ayu mau ora uwis-uwis. Batine gumun lan sengsem denea bocah kuwi kokle mulus ayu tanpa cacat, gek sopan santune genep pisan. Bu Bayu pirsa putrane sajak kepranan marang Tiwi njur ngendika :
“Git ngertia!, kuwi cah sing kos nggone bu Darmo, jenenge Prastiwi. Dene asline Semarang, ning neng kampung kene srawunge becik. Baur karo mudha-mudhine, malah saiki didadekake ketua I, dene wakile Utomo ya sopire bapakmu, kuwi.”
“Wah bocahe ayu nggih bu?, gek sopan santune nggih genep.”
Iya Git, seje karo kanca-kancamu sing dha ting bejijak lan urakan kae. Kowe sejatine rugi, wong karo pemudha/ pemudhi sekampung kok ora tepung malah wong kana-kana sing dha ra juntrung mbok srawungi raket.” Gito ngakoni lan mbenerke ngendikane ibune. Jroning ati janji yen wiwit saiki arep melu ombyake pemudha kampung. E ya melu-melu mas Utomo sopire bapakne yen dhong rapat-rapat, kerja bakti, lan kegiatan kampung liyane. Sing cetha, wiwit weruh Tiwi sepisanan atine wis kecanthol.
Atine Gito wis mantep kepingin nyedhaki... macari.... sing mengkone yen Tiwi gelem arep dirabi. Kuwi mau karepe Gito, pemudha lajang sing sekolahe mung disambi dolan lan kluyuran. Batine kuliah ora rampung ora dadi apa, toh bandhane wong tuwane akeh kepara kanggone kampung kono, pak Bayu kuwi sugih dhewe. Gito bakal nggunakake bandhane bapakne kanggo mikat Tiwi, srana arep diwenehi apata apa barang sing pengaji. Tiwi pancen bocah supel lan apikan, karo sapa wae cepet akrap lan sumadulur, klebu marang Gito. Saiki bubar kuliah, Gito sregep sanja neng nggone kanca pemudha-pemudha kampung, luwih-luwih neng nggone bu Darmo pondhokane Tiwi. Gito batine rada kecelik, jebul Tiwi iku ora gampangan kaya bocah-bocah wadon liyane. Biasane dha gampang nampa paweweh, lan seneng yen ditraktir jajan utawa diajak dolan. Gito wis bola-bali nari Tiwi arep ditukokake apa sing disenengi, ning Tiwi nolak alus, alasane wis duwe utawa kurang perlu. Nganti Gito judheg, piye carane gawe senenge Tiwi sing rupa hadiyah, sing maksude Gito kanggo nyedhaki Tiwi, syukur bisa ngetokke gembolaning ati, blaka yen dheweke seneng lan tresna marang Tiwi. Eman pambudidayane tansah gagal, merga Tiwi durung tau ketemu Gito kuwi ijen, ndilalah mesthi ana kancane. Saking ora kuwate ngampah, Gito nggoleki Utomo sopire bapakne neng kamare, lagi leyeh-leyeh. Gito njur njejeri Utomo karo takon :
“Mas Ut, mbok aku diwarahi carane nelukke atine cah wadon sing angel. Pisan ji iki aku seneng tenan je mas, ora bakal tak enggo dolanan.” Wangsulane Utomo kalem :
“Walah dhik Git, sliramu kuwi kurang apa? Rupa nggantheng, ya kuliahan, dhuwit neng ngesak muwel. Isih kurang apa? Mangka slirane kuwi ya baut ngrayu cah wadon. Kuwi tak ngerteni sing uwis-uwis lho. Sliramu kleru dhik nek takon aku, soale aku durung tau pacaran. Aku mung arep adhang-adhang suk nek ana prawan welas nresnani aku dhik.” Krungu wangsulane Utomo, Gito gage njenggelek tangi karo kandha :
“Mas Ut, wegah aku krungu kojahmu kuwi. Aku ki takon tenan je.”
Ora dhik Git, sejatine cah wadon ngendi ta sing mbok gandrungi kuwi?”
Ah rahasia mas, suk wae nek dheweke wis tak kuwasani tenan, kowe lagi tak kandhani.” Gito terus metu ninggal kamare Utomo kanthi ati mangkel. Gito saiki aktif neng organisasi kampung, soale tansah didhampingi Prastiwi. Notoling ati anggone kepingin nglairake tresnane mbangeti, ning... tansah ana-ana wae jalarane sing marahi cabar. Pancen angel tenan Gito nggolek wektu kanggo duaan, wong Prastiwi neng ngendi-ngendi mesti ana kancane. Jam-jam bubar kuliah, Tiwi pancen wis padhet banget kanggo kegiatan kampus lan kampung. Gito wis marani saben dina, bisa nyawang cedhak-cedhakan karo prawan ayu kuwi wae atine wis seneng. Awit Prastiwi pancen wis mlebu tenan ing atine.
Saiki Gito uga nyah-nyoh aweh bantuan kanggo muda-mudi kampung, apa maneh yen sing nampa Prastiwi, dhasar dheweke ketuane. Kena pengaruhe Prastiwi, Gito dadi mempeng sinaune, ndadekke bungahe bapak lan ibune. Penjenengane uga remen yen mengkone Gito kasil nguwasani Prastiwi lan gelem diajak urip bebrayan. Dina Jum’at keluargane pak Bayu Widodo entuk uleman saka pak Darmo, sing surasane kabeh warga kampung, mbesuk malem Minggu kasuwun rawuh ing daleme pak Darmo. Ya sing dipondhoki Prastiwi, saperlu ngestreni ulang taune Prastiwi sing kaping sangalas. Malah jarene keluargane Prastiwi saka Semarang uga arep padha rawuh. Dene pak Bayu sekaliyan, kadhapuk nampa tamu lan paring pangandikan kanggo sing ulang taun. Pak Bayu uga sagah. Malah mundhutke hem lan clana anyar kanggo Utomo jare ben ora lusuh.
Utomo pancen bocah sing lugu lan prasaja, nglungguhke dhirine sing mung sopir. Senajan dheweke mahasiswa sing wis lulus lan nyandhang gelar Drs. Wektu maca undhangan, Gito bungahe ngayang batin. Ya wektu iki kesempatan akeh kanggo aweh kadho istimewa kanggo Tiwi lan kesempatan kanggo ngrogoh atine prawan ayu kuwi.
Gage sms karo Tiwi takon arep njaluk kadho apa? Jawabane, dikadho apa wae arep, lan matur nuwun sadurunge.
Oh... atine Gito lunjak-lunjak kesenengen. Gage nyuwun dhuwit ibune njur lunga menyang toko. Baline ngrenggiyeg, entuk bakal klambi putri patang potong, tas, sleyer. Gunggung dhuwit telung atus ewu dientekake. Kejaba kuwi tuku filem rong rol, mengko kanggo gawe kenang-kenangan karo Tiwi.
Lagi jam lima Gito wis dandan mlithit, clana lan heme anyar gres saka toko durung dikumbah wis dianggo. Njur nyedhaki bapake karo matur :
Pak, mobile kula bekta, kula dugi nggene dhik Tiwi mruput, mbok menawi Tiwi mbetahke kengkenan kula.” Pak Bayu mangsuli :
“Wis budhala Git, bapak mengko gampang, boncengan motor karo Utomo rak bisa.” Senajan isih sore ning wis rame. Kabeh wis tinata asri. Kira-kira jam setengah pitu wis wiwit padha rawuh. Tiwi neng ngarep lawang nyalami karo nampa kadho banjur diulungake sing nduwe tugas.
Gito ngrengkek nyedhaki Tiwi nggawa bungkusan kadho gedhe sing pepak isine. Sawise ngulungake lan nyalami kenceng, rekane arep ngesun, ning Tiwi gage nyalami tamu liyane sing lagi wae rawuh. Gito gela, ning ya wis ora dilebokke ati. Anggone njepreti Tiwi ora leren-leren. Bareng ngerti ana tamu sing bisa motret, camera gedhe kuwi banjur diulungake, ganti awake dhewe sing tansah mepeti Tiwi njaluk difoto. Wis kanthi gaya sing apa wae, pokoke dipolke, janji mepeti Tiwi, sing sejatine atine ora seneng karo pokale Gito. Upacara banjur wiwit, sambutan-sambutan saka pranata adicara, pengurus-pengurus pemudha, wong tuwa lan keluargane Tiwi. Wusanane pak Bayu sing isine paring pitutur marang muda-mudi, uga ucapan selamat marang sing ulang tahun. Sawise rampung salam-salaman, banjur kaaturan dhahar bebarengan prasmanan neng kamar tengah.
Gito tansah aksi, bejijagan motreti rana-rene sarwa nggaya. Rampung dhahar lan ngunjuk es crim, keprungu swarane lantang bapake Tiwi lewat mikrovon ngene :
Bapak ibu lan para tamu undhangan sadaya, ing dalu punika babar pisan, kula badhe ngresmekaken pepacanganipun anak kula pun Suprastiwi kaliyan nakmas Drs. Utomo, inggih sopir pribadinipun bapak Bayu Widodo ing kampung mriki. Dhateng nakmas Utomo, kula suwun jumeneng lan tindhak mriki, upacara pepancangan tumunten badhe katindakaken.”
Krungu tembung mau, Gito kaya krungu bledheg ing mangsa ketiga. Sakala otot bebayune kaya dilolosi, awak gemetar, sirah cleng-clengan buyer, mripat klemun-klemun kaya arep tiba, kringet adhem mbrubul. Gandheng dheweke mau bejijagan, mula ora ngetarani nalika Gito metu mulih tanpa pamit ninggal pasamuwan. Neng dalan lakune sempoyongan kaya wong mabuk. Tekan ngomah mbukak lawang, tanpa copot sepatu, langsung awak dibrukake dipan sakrosane karo sambat tangise ngaru wara :
O awak... awak... apes temen aku... jebul aku kewirangan. Aku prasasat kejungkel tiba kanteb... aku.... aku... di KO karo sopir bebaune bapakku dhewe si Utomo... Oh Tiwi... Tiwi... jebul kowe dudu jodhoku... Oh aku... tiba kanteb.” Nalika upacara tunangan dileksanani, wis ora ana gebyar-gebyar camera sing nggawe kenang-kenangan merga Gito wis bablas mulih. Ning bocah loro Tiwi lan Utomo tansah ngumbar esem sajak kalegan atine.

KESENIAN JAWA

KETHOPRAK

Kethoprak kalebu salah sawijining kesenian rakyat ing Jawa Tengah, ananging ugo bisa tinemu ing Jawa Wetan. Kethoprak wis nyawiji dadi budaya masyarakat Jawa Tengah lan biso ngasorake kesenian liyane, umpamane Srandul, Emprak lan sakliyane.

Bab lan Paragraf

[delikna]

Sajarah

Kethoprak wiwit bebukane awujud dedolanan para priya ing dhusun kang lagi nganaake lelipur sinambi nabuh lesung kanthi irama ana ing waktu wulan purnama ndadari, kasebut Gejog. Ana ing tembe kaering tembang bebarengan ing kampung /dusun kanggo lelipur . Sak teruse ana tambahan kendhang, terbang, lan suling, mula wiwit saka iku kasebut Kethoprak Lesung, kira-kira kadadeyan ing tahun 1887. Sak banjure ana ing tahun 1909 wiwitan dianaake pagelaran Kethoprak kanthi paripurna/lengkap.
Pagelaran Kethoprak wiwitan kang resmi ing ngarsane masyarakat/umum, yakuwi Kethoprak Wreksotomo, dipandegani dening Ki Wisangkoro, sing mandegani kabeh para pria. Carita kang dipagelarake yaiku : Warsa - Warsi, Kendana Gendini, Darma - Darmi, lan sapanunggalane.
Sawise iku pagelaran Kethoprak sansaya suwe dadi lan apike lan dadi klangenane masyarakat, utamane ing tlatah Yogyakarta. Ing kadadeyan sak wise Pagelaran Kethoprak dadi pepak anggone carita lan ugo kaering gamelan.

Jinis

Anane gegayutan karo pagelaran "teater" para narapraja, mula pagelaran Kethoprak, bisa dibedakke mengkene :
  • Kotekan Lesung : awujud awal mulane Kethoprak lan dadi winih ing tembe mburi dadi pagelaran Kethoprak.
  • Kethoprak Lesung Wiwitan : wiwitane saka kotekan Lesung ana tari-tarian lan jangkep karo carita , panguripane para tani .
  • Kethoprak Lesung : Amujudake pagelaran jangkep lan nganggo carita rakyat kaering gamelan kaya ta gendang, suling, terbang lan lesung. Iki kang bakal lan lahire pagelaran Kethoprak.
  • Kethoprak Gamelan : Wiwitan saka Kethoprak Lesung, dijangkepi karo carita Panji lan ageman 'mesiran' ( Baghdad ).
  • Kethoprak Gamelan Pendopo : carita-caritane ngemungake carita Babad, dipagelarake nganti seprene . Pagelaranne ana ing panggung tanpa payon, nanging wis nyedhaki ana ing Gedhung/panggung , yaiku kasebut Kethoprak Pendapa ( Pagelarane ana ing 'Pendopo').
  • Kethoprak Panggung : Iki pagelaran Kethoprak ingkang pungkasan , yoiku Kethoprak kang di pagelarake ana ing panggung kanti carita campur, awujud carita rakyat, sejarah, babad uga carita adaptasi saka ing nagari manca ([[Sampek Eng Tay’’, Maling saka Bagdad lan sapanunggalane ).
Saiki bisa dipirsani Kethoprak Panggung ana ing tlatah Jawa Tengah lan Jawa Wetan. Pagelarane dadi profesional kanthi amungut bayaran karcis , ugo kanggone para nayaga (pemain ) lan pradangga (penabuh gamelan ) kethoprak wis dadi panguripan. Tehnik pagelaran lan carita digawe luwih apik lan ditindaake kanthi teges lan tumemen. Conto mau bisa dipirsani ana ing Kethoprak "Siswo Budoyo" saking Tulung Agung, Jawa Wetan kang wis misuwur ana ing ngendi wae, dadi klangenane masyarakat.

Isi carita

Rupa-werna carita pagelaran Kethoprak umpama carita rakyat, dongeng, babad, legenda, sejarah lan adaptasi saka nagari manca bisa uga migunaake swasana Indonesia, contone karya Shakespeare : Pangeran Hamlet utawa Sampek Eng Tay. Carita-carita baku: Darma-Darmi, Warsa-Warsi, Kendana-Gendini, Abdul Semararupi (crita Menak), Panji Asmarabangun, Klana Sewandana (crita Panji), Ande-ande lumut, Angling Darma, Roro Mendut, Damarwulan, Ranggalawe, Jaka bodo.
Carita klangenan masyarakat bisa arupa carita pahlawanan, paperangan , carita nglempengake kabeneran biasane ing akhir carita sing gawe bebener, jujur lan baik antuk kamenangan.
Ageman para nayaga pemain di padaake karo carita kang dipagélarake, . Biasane nganggo ageman para Narapraja Jawa wektu jaman kerajaan biyen. Umpama Pangeran Wiroguna, Agemane ngangga Priyayi Jawa Pangeran saka tlatah Jawa Tengah ( Jogaakarta ), Semono uga para prajurit. Nanging ana uga ageman kang arupa simbolis ,umpama Piyantun Wicaksana aweni ageman cemeng , Piyantun suci awerni agemman pethak, ingkang kendhel agemane abang. Carita Baghdad agemane kasebuat "Mesiran" nganggo ageman sutra. Agemen Wayang wong uga ana gegayutan karo Kethoprak, utamane Kethoprak pesisran tlatah Jawa sisih pesisir Lor. Umpamane carita Angling Darma, Menak Jingga/Damarwulan.
Uga ana ageman kasebut basahan, yokuwi ageman kejawen ananging cinampur ing liyan bisa arupa ageman batik, lan beskap uga surban (biasane nganggo uga jubah). Ageman basahan iki biasane ana ing carita Menak utawa carita para wali/para ulama Islam ing sajerone praja.
Sing dadi ciri wancine Kethoprak : Carita kanthi para nayaga/pemain , kaering tabuhan (gamelan) ,Ageman tembang kang dadi tetenger kethoprak . Rembugan uga biasa nganggo tembang ,dadi tembang bisa mujudake dadi pangiring adegan, dialog, monolog ( rerasan dewe) utawa dadi narasi.
Wondene unining gamelan kanggo ngeringi tembang, adegan, ilustrasi swasana carita, swasana dramatik, kang mbedaake adegan siji lan sijine.

Perangkat pengiring

Kendang, saron, ketuk, kenong, kempul lan gong bumbung utawa gong kemada. Gamelan jangkep biasane nganggo suling utawa terbang. kanthi tambahan keprak.
Para nayaga kethoprak biasane pinter anggone "akting" uga kudu pinter nyanyi & nari .
Para pradangga gamelan, bebarengan karo sinden (waranggono),ngeringi irama gamelan kethoprak.
Senadyan sing dienggo basa Jawa nanging kudu nganggo "unggah-ungguh" basa. bisa nganggo Jawa biasa (ngoko), basa krama, lan Krama inggil.
Ing wektu saiki, ana ing wolak waliking jaman, kethoprak uga duwe "improvisasi" kanthi wujud dagelan kethoprak. Umpamane awujud Dagelan lan Kethoprak Humor ana ing siaran Radio lan televisi. Carita bakune padha nanging dipagelarake kanthi dagelan . mligi ngemungake lan nyenengake pamirsane.Bab paugeran nomer loro. Kethoprak mau biasane wis ora nganggo unggah ungguh basa lan tatakrama, sing baku bisa gawe geguyu.Carita lan basa ora nganggo paugeran baku. Mula bisa kasebut Kethoprak ora jangkep.